Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Titus 3:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Wong-wong padha elingna, supaya padha sumuyud marang pamarentah lan para kang ngasta panguwasa, mbangun-miturut sarta padha cumadhang marang sadhengah panggawe becik.

2. Aja seneng mitenah, aja dhemen tukar-padu, disumanak lan dialus ing wicara marang sadhengah wong.

3. Amarga ing maune urip kita iya padha tanpa budi: wangkal, nasar, kawengku ing hawa-nepsu rupa-rupa lan kapencut, laku kita nuruti piala lan drengki, rusuh, sengit-sinengitan.

4. Nanging bareng kamurahaning Allah, Pamarta kita, sarta katresnane marang manungsa kababar,

5. ing nalika iku Panjenengane nylametake marang kita, ora marga saka panggawe becik kang wis kita lakoni, nanging marga saka sih-rahmate sarana padusan kalairan kapindho lan marga saka kaanyarake dening Sang Roh Suci,

6. kang wus kaesokake marang kita dening Gusti Yesus Kristus, Pamarta kita,

7. supaya kita, kang wus kabenerake dening sih-rahmate, padha wenang nampani urip langgeng, kayadene kang dadi pangarep-arep kita.

8. Iki tembung kang satuhu lan karepku kowe supaya yakin ngungkuli bab iku, amrih wong-wong kang wis padha pracaya marang Gusti Allah padha ngudi kanthi temen-temen nglakoni panggawe becik. Yaiku kang prayoga lan migunani tumrap manungsa.

9. Nanging mungguh bebantahan kang ora urus, prakara sarasilah, apadene parapadu lan regejegan bab angger-anggering Toret, iku singkirana awit iku kabeh ora ana gunane sarta tanpa paedah.

10. Wong kang nasar pracayane, kang wus kokpituturi kaping sapisan utawa kaping pindho, iku dohana.

maca bab lengkap Titus 3