Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Titus 2:9-15 Kitab Sutji (JAV)

9. Para batur sing padha sumuyud marang lurahe tumrap samubarang kabeh, padha gawea renane lan aja madoni,

10. aja slingkuh, nanging tansah nelakna anggone temen lan setya, supaya marga saka mangkono tumrap ing samubarang kabeh, padha ngluhurake piwulange Allah, Pamarta kita.

11. Awitdene sih-rahmate Gusti Allah kang nylametake manungsa kabeh iku wus kababar.

12. Iku merdi marang kita, supaya kita ninggal pamblasar lan kamelikan kadonyan sarta supaya kita duwea laku kang wicaksana, adil tuwin mursid ana ing donya samengko iki,

13. kalawan manganti-anti marang ing katetepane pangarep-arep kita, kang kebak ing karahayon lan ngatingalake kamulyaning Allah kang Mahaagung sarta Pamarta kita Gusti Yesus Kristus,

14. kang wus masrahake sarirane kanggo kita, supaya kita luwar saka ing sakabehing piala apadene banjur dadi umat kang wus kasucekake dening Panjenengane, kagem panjenenane, dadi kagungane piyambak, kang taberi marang ing panggawe becik.

15. Iku kabeh wartak-wartakna, wong-wong padha pituturana lan surup-surupna kalawan pangaribawamu. Aja nganti ana wong kang ngremehake kowe.

maca bab lengkap Titus 2