Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Titus 2:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Nanging kowe iku martakna apa kang cundhuk karo piwulang kang satuhu.

2. Para wong lanang kang tuwa iku padha diwaras ing budi, kajen, wicaksana sarta kadunungan pracaya, katresnan lan budi tumemen kang waras.

3. Mangkono uga para wong wadon kang wus tuwa, iku padha nelakna anggone dadi wong ngibadah, aja dhemen mitenah, aja karem ngombe anggur, nanging dibisa aweh piwulang kang becik

4. lan bisa merdi wong-wong wadon kang isih enom, supaya padha tresna marang kang lanang tuwin marang anak-anake,

5. wicaksana, alaku suci, sregep ngatur baleomahe, becik pambekane sarta sumuyud marang kang lanang, supaya Pangandikaning Allah aja nganti dialakake.

6. Mangkono uga para wong nonoman, padha pituturana, supaya padha bisa ngendhaleni awake dhewe ing sadhengah prakara

7. lan kowe dhewe dadia tuladha ing bab nindakake panggawe becik. Anggonmu memulang dikalawan jujur sarta tumemen.

8. Pamulangmu disalugu lan tanpa cacad, supaya wong kang nglawan dadia wirang, amarga ora ana kang tinemu kang kena digawe ngalakake marang kita.

9. Para batur sing padha sumuyud marang lurahe tumrap samubarang kabeh, padha gawea renane lan aja madoni,

maca bab lengkap Titus 2