Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Titus 1:7-14 Kitab Sutji (JAV)

7. Amarga kang jeneng pamong iku kudu tanpa cacad, awit dadi juru panatane padalemaning Allah, kudu ora kumawasa, ora gampang nepsu, ora karem ngombe anggur, ora dhemen kerengan, ora srakah,

8. nanging seneng aweh pamondhokan, seneng marang samubarang kang becik, wicaksana, adil, saleh, bisa ngendhaleni dhiri

9. sarta ngantepi ing pangandika kang satuhu, kang cundhuk karo piwulang kang sanyata matemah bisa mituturi wong adhedhasar piwulang iku tuwin bisa ngyakinake marang para kang lumawan.

10. Amarga wus akeh wong kang uripe ora tumata, tukang ngoceh tanpa tanja, kang nasarake, luwih maneh saka panunggalane wong tetakan.

11. Wong-wong kang kaya mangkono iku kudu dibungkem cangkeme, awit iku gawe kisruh brayat akeh kalawan piwulange kang ora patut, supaya oleh kauntungan kang nistha.

12. Ana panunggalane, yaiku nabine dhewe, iku tau duwe ujar mangkene: “Wong Kreta iku salawase padha wong dora, kewan galak lan wong dremba kang kesed.”

13. Paseksen kang mangkono iku bener. Awit saka iku welehna kang banget, supaya pracayane dadi waras,

14. sarta aja maneh-maneh nggatekake marang dongeng-dongeng Yahudi lan angger-anggering manungsa kang ngungkurake ing kayekten.

maca bab lengkap Titus 1