Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Titus 1:5-12 Kitab Sutji (JAV)

5. Mulane kowe daktingal ana ing pulo Kreta iku, supaya kowe mranata apa-apa kang isih prelu ditata sarta supaya kowe ngangkata pinituwa-pinituwa ana ing saben kutha, kaya kang wus dakprentahake marang kowe,

6. yaiku para wong kang tanpa cacad, arabi siji, kang anak-anake padha laku pracaya lan ora bisa ditarka uripe ora pantes tuwin ora tumata.

7. Amarga kang jeneng pamong iku kudu tanpa cacad, awit dadi juru panatane padalemaning Allah, kudu ora kumawasa, ora gampang nepsu, ora karem ngombe anggur, ora dhemen kerengan, ora srakah,

8. nanging seneng aweh pamondhokan, seneng marang samubarang kang becik, wicaksana, adil, saleh, bisa ngendhaleni dhiri

9. sarta ngantepi ing pangandika kang satuhu, kang cundhuk karo piwulang kang sanyata matemah bisa mituturi wong adhedhasar piwulang iku tuwin bisa ngyakinake marang para kang lumawan.

10. Amarga wus akeh wong kang uripe ora tumata, tukang ngoceh tanpa tanja, kang nasarake, luwih maneh saka panunggalane wong tetakan.

11. Wong-wong kang kaya mangkono iku kudu dibungkem cangkeme, awit iku gawe kisruh brayat akeh kalawan piwulange kang ora patut, supaya oleh kauntungan kang nistha.

12. Ana panunggalane, yaiku nabine dhewe, iku tau duwe ujar mangkene: “Wong Kreta iku salawase padha wong dora, kewan galak lan wong dremba kang kesed.”

maca bab lengkap Titus 1