Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Titus 1:14-16 Kitab Sutji (JAV)

14. sarta aja maneh-maneh nggatekake marang dongeng-dongeng Yahudi lan angger-anggering manungsa kang ngungkurake ing kayekten.

15. Tumraping wong kang resik, samubarang kabeh iku resik, nanging tumraping wong kang jember lan kang ora pracaya, ora ana barang siji bae kang resik, awit pikirane lan rumangsaning atine jember.

16. Ngakune padha wanuh marang Gusti Allah, nanging diselaki kalawan tingkah-lakune, amarga padha alaku rusuh lan duraka sarta ora bisa nindakake samubarang kang becik.

maca bab lengkap Titus 1