Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 8:30-35 Kitab Sutji (JAV)

30. Sarta wong kang padha katamtokake wiwit ing sakawit iku iya padha katimbalan. Lan kang wus padha ditimbali, iku iya padha kabenerake. Apadene kang wus kabenerake, iku iya padha dimulyakake.

31. Kang iku apa kang bakal kita gunem tumrap kabeh mau? Manawa Gusti Allah ana ing pihak kita, sapa kang bakal nglawan kita?

32. Kang ora ngeman Kang Putra piyambak, nanging malah nganti dipasrahake kanggo kita kabeh, apa iya kalakon ora maringake samubarang kabeh marang kita bareng lan Panjenengane?

33. Sapa kang bakal nggugat para pepilihane Gusti Allah? Apa Gusti Allah kang mbenerake wong-wong mau? Sapa kang bakal matrapi paukuman?

34. Apa Sang Kristus Yesus kang wus seda? Malah luwih saka iku, apa kang wus kawungokake, kang lenggah ana ing satengene Gusti Allah, kang malah dadi pangemban kita?

35. Sapa kang bakal megatake kita saka ing sihe Sang Kristus? Apa panganiaya, apa rupeking ati, apa panguya-uya, apa kaluwen, apa kawudan, apa bebaya, apa pedhang?

maca bab lengkap Rum 8