Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 8:2-16 Kitab Sutji (JAV)

2. Sang Roh, kang paring urip, wus ngluwari kowe kabeh ana ing Sang Kristus, saka angger-anggering dosa lan angger-anggering pati.

3. Awit bab kang ora bisa ditindakake dening angger-anggering Toret awit saka apese marga dening daging, wus katindakake dening Gusti Allah sarana ngutus Kang Putra piyambak ana ing daging, nyami warni kaya daging kadosan awit saka dosa. Panjenengane wus matrapi paukuman tumrap dosa ana ing daging,

4. supaya ukume angger-angger katetepana ana ing kita, kang padha ora lumaku nuruti daging, nanging manut marang Sang Roh.

5. Sabab wong kang uripe kawengku ing daging, iku padha ngangen-angen kang mungguh ing daging; nanging wong kang uripe manut ing Sang Roh, pangangen-angene miturut Sang Roh.

6. Awitdene pangangen-angene daging iku pati, balik pangangen-angene Sang Roh iku urip lan tentrem-rahayu.

7. Sabab pepenginaning daging iku nyatru marang Gusti Allah, awit ora sumuyud marang angger-anggere Gusti Allah, amarga pancen iya ora bisa.

8. Wong kang uripe kawengku ing daging iku ora bisa ndadekake keparenge Gusti Allah.

9. Balik kowe iku padha ora kawengku ing daging, nanging padha ana ing Sang Roh, semono iku manawa Rohing Allah pancen dedalem ana ing kowe. Nanging sing sapa ora kadunungan Rohe Sang Kristus, iku dudu kagungane Sang Kristus.

10. Nanging manawa Sang Kristus dedalem ana ing kowe, sanadyan raga iku mati marga saka dosa, nanging sukma iku urip awit saka kabeneran.

11. Lan manawa Rohe kang wus mungokake Gusti Yesus saka ing antarane wong mati iku dedalem ana ing kowe, dadine kang wus mungokake Sang Kristus Yesus saka ing antarane wong mati iku iya bakal nguripake badanmu kang kena ing pati iku, lumantar Sang Roh kang dedalem ana ing kowe.

12. Mulane para sadulur, kita iki padha kapotangan, nanging ora marang daging supaya urip nuruti daging.

13. Sabab yen uripmu nuruti daging, kowe mesthi padha mati; nanging yen kowe mateni hawaning raga marga dening Roh, kowe bakal padha urip.

14. Kabeh wong kang katuntun dening Rohe Gusti Allah, iku dadi putrane Gusti Allah.

15. Awit kowe padha ora nampani rohing pangawulan kang njalari kowe dadi wedi maneh, nanging kowe wis padha nampani Sang Roh kang njalari kowe dadi putrane Gusti Allah. Marga saka Roh iku kita banjur padha nyebut: “Abba, Rama!”

16. Sang Roh iku anekseni bebarengan karo roh kita, yen kita iku para putrane Gusti Allah.

maca bab lengkap Rum 8