Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 7:7-24 Kitab Sutji (JAV)

7. Yen mangkono apa sing arep kita gunem? Angger-anggering Toret iku apa dosa? Babar pisan ora! Malah marga saka angger-anggering Toret iku aku nyumurupi dosa. Aku mangsa ngretia bab kamelikan yen angger-anggering Toret ora dhawuh: “Sira aja melik!”

8. Nanging marga saka pepakon mau, dosa oleh jalaran kanggo nenangi sarupaning kamelikan ana ing aku, sabab tanpa angger-anggering Toret, dosa iku mati.

9. Ing maune aku iki urip tanpa angger-anggering Toret, nanging satekane pepakon mau, dosa wiwit urip,

10. balik aku mati. Sarta pepakon kang mesthine nuntun marang urip, nanging tumraping aku malah dadi jalaraning pati.

11. Awit saka ananing pepakon iku, dosa oleh jalaran nasarake aku, lan marga saka pepakon iku mau si dosa mateni aku.

12. Dadi angger-anggering Toret iku suci, lan pepakon iku iya suci, bener lan becik.

13. Yen mangkono, apa bab kang becik iku dadi jalaraning patiku? Babar pisan ora! Nanging amrih tetelaa yen iku mau si dosa, dosa iku migunakake bab kang becik kanggo nekakake patiku, satemah marga saka pepakon mau, banjur saya luwih cetha maneh wujude si dosa.

14. Sabab kita sumurup, manawa angger-anggering Toret iku awatak kasukman, nanging aku iki awatak kadagingan, kaedol dadi budhake si dosa.

15. Sabab apa bae kang daklakoni iku, aku dhewe ora sumurup. Ujer apa kang daklakoni iku mau dudu bab kang dakkarepake; nanging apa kang daksengiti, iku kang daklakoni.

16. Dadi manawa aku nglakoni bab kang ora dakkarepake iku, ateges aku ngakoni yen angger-anggering Toret iku becik.

17. Manawa mangkono dudu aku maneh kang nglakoni, ananging si dosa kang dumunung ana ing atiku.

18. Sabab aku sumurup, yen aku iki, yaiku dagingku, ora kadunungan bab kang becik. Sabab karep iku pancen ana ing aku, nanging dudu bab nglakoni apa kang becik.

19. Sabab kang daklakoni iku dudu bab kang dakkarepake, yaiku bab kang becik, nanging kang daklakoni iku bab kang ala, dudu kang dakkarepake.

20. Dadi yen aku nglakoni bab kang ora dakkarepake, ateges wis dudu aku maneh kang nglakoni, nanging si dosa kang dumunung ana ing aku.

21. Kang iku, aku nemu wewaton mangkene: Manawa aku kepengin nindakake kang becik, kang ala wis cumawis ana ing aku.

22. Sabab sajroning batinku, aku seneng marang angger-anggere Gusti Allah,

23. nanging gegelitaning badanku kadunungan angger-angger liya kang narungi angger-anggering akal-budiku, sarta njalari aku dadi tawananing angger-anggere dosa kang dedunung ana ing gegelitaning badanku.

24. Wong cilaka aku iki! Sapa kang bakal ngluwari aku saka badan reh-rehane pati iki?

maca bab lengkap Rum 7