Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 7:13-26 Kitab Sutji (JAV)

13. Yen mangkono, apa bab kang becik iku dadi jalaraning patiku? Babar pisan ora! Nanging amrih tetelaa yen iku mau si dosa, dosa iku migunakake bab kang becik kanggo nekakake patiku, satemah marga saka pepakon mau, banjur saya luwih cetha maneh wujude si dosa.

14. Sabab kita sumurup, manawa angger-anggering Toret iku awatak kasukman, nanging aku iki awatak kadagingan, kaedol dadi budhake si dosa.

15. Sabab apa bae kang daklakoni iku, aku dhewe ora sumurup. Ujer apa kang daklakoni iku mau dudu bab kang dakkarepake; nanging apa kang daksengiti, iku kang daklakoni.

16. Dadi manawa aku nglakoni bab kang ora dakkarepake iku, ateges aku ngakoni yen angger-anggering Toret iku becik.

17. Manawa mangkono dudu aku maneh kang nglakoni, ananging si dosa kang dumunung ana ing atiku.

18. Sabab aku sumurup, yen aku iki, yaiku dagingku, ora kadunungan bab kang becik. Sabab karep iku pancen ana ing aku, nanging dudu bab nglakoni apa kang becik.

19. Sabab kang daklakoni iku dudu bab kang dakkarepake, yaiku bab kang becik, nanging kang daklakoni iku bab kang ala, dudu kang dakkarepake.

20. Dadi yen aku nglakoni bab kang ora dakkarepake, ateges wis dudu aku maneh kang nglakoni, nanging si dosa kang dumunung ana ing aku.

21. Kang iku, aku nemu wewaton mangkene: Manawa aku kepengin nindakake kang becik, kang ala wis cumawis ana ing aku.

22. Sabab sajroning batinku, aku seneng marang angger-anggere Gusti Allah,

23. nanging gegelitaning badanku kadunungan angger-angger liya kang narungi angger-anggering akal-budiku, sarta njalari aku dadi tawananing angger-anggere dosa kang dedunung ana ing gegelitaning badanku.

24. Wong cilaka aku iki! Sapa kang bakal ngluwari aku saka badan reh-rehane pati iki?

25. Aku ngucap sokur marang Gusti Allah, iku marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.

26. Dadi kalawan akal-budiku, aku ngawula marang angger-anggere Gusti Allah, nanging kalawan daging ngawula marang angger-anggere si dosa.

maca bab lengkap Rum 7