Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 5:2-17 Kitab Sutji (JAV)

2. Panjenengane iku kang njalari kita padha oleh dalan kang anjog ing sih-rahmat marga saka pracaya. Ana ing sih-rahmat iki dumunung kita sarta kita ngalembana sajroning pangarep-arep bakal tampa kamulyaning Allah.

3. Lan ora ngamungake iku bae. Malah kita iya padha ngalembana sajroning sangsara, awit kita padha sumurup manawa sangsara iku njalari mantep,

4. lan mantep iku njalari tanggon, tanggon nukulake pangarep-arep.

5. Dene pangarep-arep iku mesthi ora bakal ngapirani, awit sihe Gusti Allah wus kaesokake ing ati kita dening Sang Roh Suci, kang wus pinaringake marang kita.

6. Awitdene ing nalika kita isih padha apes, ana ing wektu kang pinesthi dening Gusti Allah, Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita para wong duraka.

7. Ujer ora gampang wong kok banjur gelem mati nglabuhi wong bener -- ewadene bokmanawa kanggo wong utama, bisa uga ana wong kang wani mati. --

8. Nanging Gusti Allah wus ngatingalake sihe marang kita, awit Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita, nalika kita isih padha kawengku ing dosa.

9. Apamaneh saiki, kita wus padha kabenerake sarana rahe, wus mesthi bakal luput saka ing bebenduning Allah.

10. Sabab, manawa ing nalikane kita isih padha dadi satru wus karukunake kalawan Gusti Allah dening sedane Kang Putra, mendahane maneh saiki sawise karukunake, mesthi kita bakal kapitulungan rahayu awit saka gesange.

11. Lan ora ngamungake mangkono bae, kita malah iya bakal padha ngalembana marang Gusti Allah marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita, kang dadi margane anggon kita wus padha oleh pirukun iku.

12. Mulane padha kaya tekane dosa ing jagad jalaran saka wong siji, sarta tekane pati marga saka dosa mau, mangkono si pati iya wus nyrambahi marang wong kabeh, jalaran wong kabeh mau wus padha gawe dosa.

13. Sabab sadurunge ana angger-anggering Toret ing jagad wus ana dosa. Nanging dosa mau ora kaetung manawa ora ana angger-anggering Toret.

14. Sanadyan mangkono wiwit Rama Adam tumekane Nabi Musa, si pati wus masesani uga marang kang padha gawe dosa, kang panerake ora madhani ing panerake Rama Adam, iya iku kang dadi gegambarane Panjenengane kang bakal rawuh.

15. Nanging sih-rahmate Gusti Allah iku ora padha karo panerake Rama Adam. Sabab, manawa panerake wong siji njalari wong kabeh padha tumiba ing pangwasaning pati, luwih agung maneh sih-rahmate Gusti Allah sarta peparinge ganjaran kang ngluberi wong kabeh, kang marga saka wong siji, yaiku Gusti Yesus Kristus.

16. Lan peparinge sih-rahmat iku ora timbang karo dosane wong siji. Awit karampunganing pangadilan tumrap panerake wong siji iku nekakake paukuman, nanging peparinge ganjaran sih-rahmat marga saka panerak kang akeh iku nekakake karampungan kang mbenerake.

17. Sabab, yen marga saka panerake wong siji, si pati wus masesa marga saka wong siji iku, mendahane maneh wong kang wus padha nampani kaluberaning sih-rahmat sarta ganjaran kabeneran, mesthi bakal urip lan masesa marga dening wong siji, yaiku Gusti Yesus Kristus.

maca bab lengkap Rum 5