Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 5:17-21 Kitab Sutji (JAV)

17. Sabab, yen marga saka panerake wong siji, si pati wus masesa marga saka wong siji iku, mendahane maneh wong kang wus padha nampani kaluberaning sih-rahmat sarta ganjaran kabeneran, mesthi bakal urip lan masesa marga dening wong siji, yaiku Gusti Yesus Kristus.

18. Dadine padha kaya panerak siji nekakake paukuman marang wong kabeh, mangkono uga tumindaking kabeneran siji, njalari wong kabeh padha kabenerake dadi lan uripe.

19. Dadi padha kaya pambangkange wong siji mau njalari wong kabeh dadi wong dosa, mangkono uga marga saka pambangun-turute wong siji kabeh wong banjur padha dadi wong kang bener.

20. Nanging angger-anggering Toret tumuli kawuwuhake, supaya panerak dadi saya akeh, dene ing ngendi kang dosane wuwuh akeh, ing kono sih-rahmat dadi saya luber,

21. supaya padha kaya si dosa wus nguwasani ing alam pati, mangkono uga sih-rahmat iya bakal masesa marga saka kabeneran kang njalari urip langgeng, marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.

maca bab lengkap Rum 5