Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 5:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Mulane kita kang wus padha kabenerake awit saka pracaya, kita padha urip kalawan rukun karo Gusti Allah marga dening Gusti kita, Gusti Yesus Kristus.

2. Panjenengane iku kang njalari kita padha oleh dalan kang anjog ing sih-rahmat marga saka pracaya. Ana ing sih-rahmat iki dumunung kita sarta kita ngalembana sajroning pangarep-arep bakal tampa kamulyaning Allah.

3. Lan ora ngamungake iku bae. Malah kita iya padha ngalembana sajroning sangsara, awit kita padha sumurup manawa sangsara iku njalari mantep,

4. lan mantep iku njalari tanggon, tanggon nukulake pangarep-arep.

5. Dene pangarep-arep iku mesthi ora bakal ngapirani, awit sihe Gusti Allah wus kaesokake ing ati kita dening Sang Roh Suci, kang wus pinaringake marang kita.

6. Awitdene ing nalika kita isih padha apes, ana ing wektu kang pinesthi dening Gusti Allah, Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita para wong duraka.

7. Ujer ora gampang wong kok banjur gelem mati nglabuhi wong bener -- ewadene bokmanawa kanggo wong utama, bisa uga ana wong kang wani mati. --

8. Nanging Gusti Allah wus ngatingalake sihe marang kita, awit Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita, nalika kita isih padha kawengku ing dosa.

9. Apamaneh saiki, kita wus padha kabenerake sarana rahe, wus mesthi bakal luput saka ing bebenduning Allah.

10. Sabab, manawa ing nalikane kita isih padha dadi satru wus karukunake kalawan Gusti Allah dening sedane Kang Putra, mendahane maneh saiki sawise karukunake, mesthi kita bakal kapitulungan rahayu awit saka gesange.

maca bab lengkap Rum 5