Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 2:5-17 Kitab Sutji (JAV)

5. Nanging marga saka wangkoting atimu kang ora gelem mratobat iku, dadine kowe numpuk bebendu kanggo awakmu dhewe, nganti tumeka ing dinane kababaring bebendu lan pangukume Gusti Allah kang adil,

6. kang bakal males marang sawiji-wijining wong saukur karo panggawene,

7. yaiku wong kang ngantepi panggawe becik, tansah ngupaya kamulyan sarta kaluhuran lan kalanggengan, wong iku bakal padha kaparingan urip langgeng,

8. nanging wong kang mburu karepe dhewe, ora mbangun-turut marang kayekten, rumaket ing duraka, iku bakal padha kawales bebendu sarta deduka.

9. Sangsara lan rupeking ati bakal tumama marang angger wong kang gawe piala, kang dhisik wong Yahudi, lan samono uga wong Yunani,

10. nanging kamulyan, kaluhuran lan tentrem-rahayu bakal kaparingake marang sawiji-wijining wong kang nindakake kabecikan, dhisike wong Yahudi lan uga wong Yunani.

11. Sabab Gusti Allah ora pilih kasih.

12. Ujer kabeh wong kang gawe dosa kalawan sepi ing angger-anggering Toret iku bakal padha sirna iya kalawan sepi ing angger-anggering Toret; lan kabeh wong kang padha dosa ing sajrone kawengku ing angger-anggering Toret, iku bakal padha diadili sarana angger-anggering Toret.

13. Amarga wong kang bener ana ing ngarsane Gusti Allah iku dudu kang ngrungokake angger-anggering Toret, nanging kang netepi angger-anggering Toret.

14. Manawa bangsa-bangsa liya kang ora nduweni angger-anggering Toret marga saka prentuling atine dhewe nglakoni apa kang kamot ing angger-anggering Toret, wong-wong iku mau kang dadi angger-anggering Toret tumrap awake dhewe, sanadyan ora nduweni angger-anggering Toret.

15. Amarga kalawan mangkono iku wong-wong mau padha nelakake, manawa pepakone angger-angger wis katulis ana ing atine, sarta rumangsaning atine melu dadi seksi, sarta pangangen-angene padha genti ngluputake utawa genti mbenerake.

16. Bab iku bakal tetela ing dina samangsa Gusti Allah ngadili wewadine manungsa lumantar Gusti Yesus Kristus, cocog karo Injil kang dakwartakake.

17. Nanging manawa kowe iku ngarani awakmu dhewe wong Yahudi, sarta ngandelake marang angger-anggering Toret, apadene gumunggung mungguh ing Gusti Allah,

maca bab lengkap Rum 2