Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 2:18-29 Kitab Sutji (JAV)

18. sarta sumurup kang dadi karsane, lan marga kawulang ing angger-anggering Toret, bisa sumurup endi kang becik sarta endi kang ala,

19. lan yakin, yen kowe iku dadi panuntune wong wuta, sarta pepadhange wong kang ana ing pepeteng,

20. kang nggulawenthah wong bodho, gurune wong kang durung diwasa; marga ana ing angger-anggering Toret iku, kowe kadunungan awak-awakaning kawruh sarta keyekten,

21. banjur kapriye mungguhing kowe, kang mulang wong liya, apa kowe ora mulang awakmu dhewe? Kowe kang mulang: Aja nyolong, yagene kowe dhewe kok nyolong?

22. Kowe kang kandha: Aja laku bedhang, yagene kowe dhewe kok laku bedhang? Kowe kang gething marang brahala, yagene kowe dhewe kok malah njarah rayah papan brahala?

23. Kowe kang gumunggung mungguhing angger-anggering Toret, yagene kowe kok malah nyenyamah Gusti Allah kalawan nerak angger-anggering Toret iku?

24. Kaya kang katulisan wiraose: “Iya marga saka kowe Asmane Gusti Allah dicecamah ana ing antarane bangsa-bangsa liya.”

25. Tetak iku pancen ana paedahe, manawa kowe temen-temen netepi angger-anggering Toret, nanging manawa kowe nerak angger-anggering Toret tetakmu iku tanpa guna.

26. Dadi manawa wong kang ora tetak netepi angger-anggering Toret, apa iku ora bakal dianggep padha karo wong kang wus tetak?

27. Yen mangkono, wong kang ora tetak nanging netepi angger-anggering Toret, iku bakal njeksani kowe kang nduweni angger-angger kang katulis lan tetak, nanging nerak angger-anggering Toret.

28. Awit kang diarani Yahudi iku dudu tata-laire, lan kang diarani tetak uga dudu tetak ing tata-laire.

29. Nanging kang diarani wong Yahudi sajati iku yaiku kang ora katon Yahudine, lan tetak kang sajati iku tetaking ati yaiku tetak rohani dudu tata-laire. Lan iku oleh pangalem saka Gusti Allah, ora saka manungsa.

maca bab lengkap Rum 2