Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 2:11-27 Kitab Sutji (JAV)

11. Sabab Gusti Allah ora pilih kasih.

12. Ujer kabeh wong kang gawe dosa kalawan sepi ing angger-anggering Toret iku bakal padha sirna iya kalawan sepi ing angger-anggering Toret; lan kabeh wong kang padha dosa ing sajrone kawengku ing angger-anggering Toret, iku bakal padha diadili sarana angger-anggering Toret.

13. Amarga wong kang bener ana ing ngarsane Gusti Allah iku dudu kang ngrungokake angger-anggering Toret, nanging kang netepi angger-anggering Toret.

14. Manawa bangsa-bangsa liya kang ora nduweni angger-anggering Toret marga saka prentuling atine dhewe nglakoni apa kang kamot ing angger-anggering Toret, wong-wong iku mau kang dadi angger-anggering Toret tumrap awake dhewe, sanadyan ora nduweni angger-anggering Toret.

15. Amarga kalawan mangkono iku wong-wong mau padha nelakake, manawa pepakone angger-angger wis katulis ana ing atine, sarta rumangsaning atine melu dadi seksi, sarta pangangen-angene padha genti ngluputake utawa genti mbenerake.

16. Bab iku bakal tetela ing dina samangsa Gusti Allah ngadili wewadine manungsa lumantar Gusti Yesus Kristus, cocog karo Injil kang dakwartakake.

17. Nanging manawa kowe iku ngarani awakmu dhewe wong Yahudi, sarta ngandelake marang angger-anggering Toret, apadene gumunggung mungguh ing Gusti Allah,

18. sarta sumurup kang dadi karsane, lan marga kawulang ing angger-anggering Toret, bisa sumurup endi kang becik sarta endi kang ala,

19. lan yakin, yen kowe iku dadi panuntune wong wuta, sarta pepadhange wong kang ana ing pepeteng,

20. kang nggulawenthah wong bodho, gurune wong kang durung diwasa; marga ana ing angger-anggering Toret iku, kowe kadunungan awak-awakaning kawruh sarta keyekten,

21. banjur kapriye mungguhing kowe, kang mulang wong liya, apa kowe ora mulang awakmu dhewe? Kowe kang mulang: Aja nyolong, yagene kowe dhewe kok nyolong?

22. Kowe kang kandha: Aja laku bedhang, yagene kowe dhewe kok laku bedhang? Kowe kang gething marang brahala, yagene kowe dhewe kok malah njarah rayah papan brahala?

23. Kowe kang gumunggung mungguhing angger-anggering Toret, yagene kowe kok malah nyenyamah Gusti Allah kalawan nerak angger-anggering Toret iku?

24. Kaya kang katulisan wiraose: “Iya marga saka kowe Asmane Gusti Allah dicecamah ana ing antarane bangsa-bangsa liya.”

25. Tetak iku pancen ana paedahe, manawa kowe temen-temen netepi angger-anggering Toret, nanging manawa kowe nerak angger-anggering Toret tetakmu iku tanpa guna.

26. Dadi manawa wong kang ora tetak netepi angger-anggering Toret, apa iku ora bakal dianggep padha karo wong kang wus tetak?

27. Yen mangkono, wong kang ora tetak nanging netepi angger-anggering Toret, iku bakal njeksani kowe kang nduweni angger-angger kang katulis lan tetak, nanging nerak angger-anggering Toret.

maca bab lengkap Rum 2