Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 2:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Mulane, heh manungsa, sapa bae kang njeksani wong liya, kowe dhewe ora kena diarani tanpa kaluputan. Awit ing sajrone kowe njeksani wong, ateges matrapi awakmu dhewe, amarga kowe kang njeksani wong iku, pratingkahmu dhewe iya mangkono uga.

2. Kita rak padha sumurup yen paukumane Gusti Allah iku ing sabener tumrap sapa bae kang nglakoni iku mau.

3. Dene kowe, heh manungsa kang njeksani kang duwe pratingkah mangkono mau, mangka kowe dhewe uga nglakoni, apa kowe ngira, yen kowe bakal luput saka ing paukumane Gusti Allah?

4. Apa kowe arep ngremehake lubering kamirahan sarta sabar sarehe Gusti Allah? Apa kowe ora sumurup manawa kamirahane Gusti Allah iku nuntun kowe marang pamratobat?

5. Nanging marga saka wangkoting atimu kang ora gelem mratobat iku, dadine kowe numpuk bebendu kanggo awakmu dhewe, nganti tumeka ing dinane kababaring bebendu lan pangukume Gusti Allah kang adil,

6. kang bakal males marang sawiji-wijining wong saukur karo panggawene,

7. yaiku wong kang ngantepi panggawe becik, tansah ngupaya kamulyan sarta kaluhuran lan kalanggengan, wong iku bakal padha kaparingan urip langgeng,

8. nanging wong kang mburu karepe dhewe, ora mbangun-turut marang kayekten, rumaket ing duraka, iku bakal padha kawales bebendu sarta deduka.

maca bab lengkap Rum 2