Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 16:3-11 Kitab Sutji (JAV)

3. Salam marang Priska lan Akwila, para kanca tunggal ayahan ana ing Sang Kristus Yesus.

4. Iku wus padha ngetohake nyawane kanggo mitulungi uripku. Ora ngamungake aku bae kang aweh panarima, nanging iya sakehing pasamuwan kang dudu Yahudi.

5. Uga salam marang pasamuwan kang ana ing omahe. Salam marang Epenetus, sadulur kang daktresnani, kang dadi wiwitaning wong kang manjing ing patunggilane Sang Kristus ing tanah Asia.

6. Salam marang Maria, kang wis akeh anggone nglakoni kangelan kanggo kowe kabeh.

7. Salam marang Andronikus lan Yunias, sadulurku tunggal bangsa, kang wis tau kinunjara bareng lan aku, klebu wong kang kajen ana ing antarane para rasul, sarta kang anggone dadi Kristen sadurunge aku.

8. Salam marang Ampliatus sing daktresnani ana ing Gusti.

9. Salam marang Urbanus kancaku tunggal ayahan ana ing Sang Kristus, sarta salam marang Stakhis kang daktresnani.

10. Salam marang Apeles, kang wus katitik tumemen ana ing Sang Kristus. Salam marang wong kang padha klebu golongane Aristobulus.

11. Salam marang Herodhion, kancaku tunggal bangsa. Salam marang wong kang padha klebu golongane Narkisus, kang ana ing patunggilane Gusti.

maca bab lengkap Rum 16