Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 16:21-27 Kitab Sutji (JAV)

21. Salam marang kowe kabeh saka Timoteus, kancaku tunggal ayahan, lan saka Lukius, Yason apadene Sosipater, para kancaku tunggal bangsa.(

22. Kula Tertius ingkang damel serat punika, inggih kintun salam dhateng panjenengan sadaya ing patunggilanipun Gusti.)

23. Salam marang kowe kabeh saka Gayus, kang aweh pamondhokan marang aku, lan marang pasamuwan kabeh. Salam marang kowe kabeh saka Erastus, hartakaning nagara, lan saka Kwartus sadulur kita.(

24. Sih-rahmate Gusti Yesus Kristus, Gusti kita, anunggila ing kowe kabeh! Amin.)

25. Kagem Panjenengane, kang nyantosakake kowe kabeh, -- manut Injil kang dakkabarake, sarta pawarta bab Gusti Yesus Kristus, laras karo kabare wewadi kang kasidhem pirang-pirang abad lawase,

26. nanging kang saiki wus kababar, sarta wus kawartakake dening kitab-kitabe para nabi, manut dhawuhe Gusti Allah kang langgeng marang sakehing bangsa, kanggo nenuntun marang ing pambangun-turuting pracaya --

27. iya kagem Panjenengane, Gusti Allah kang wicaksana piyambak, awit saka Gusti Yesus Kristus: sakehing kamulyan langgeng ing salawas-lawase! Amin.

maca bab lengkap Rum 16