Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 16:17-26 Kitab Sutji (JAV)

17. Nanging padha dakpituturi, para sadulur, padha diwaspada marang para wong kang padha nyulayani ing piwulang kang wus koktampani, kang nuwuhake cecongkrahan lan panggodha. Singkirana wong-wong kaya mangkono iku mau.

18. Sabab wong kang kaya mangkono iku, padha ora leladi marang Sang Kristus, Gusti kita, nanging padha ngawula marang wetenge dhewe. Lan kanthi tembunge kang muluk-muluk lan basane kang manis, padha nindakake apus krama marang kang padha tulus atine.

19. Pawarta bab kasetyanmu wis keprungu ing wong akeh. Mulane aku bungah banget ing ngatase kowe. Nanging karepku, kowe padha pintera tumrap apa bae kang becik sarta kalis ing sarupaning piala.

20. Muga-muga Gusti Allah kang dadi etuking tentrem-rahayu, enggal nglebur Iblis ana ing sangisoring tlapakanmu. Sih-rahmate Gusti Yesus, Gusti kita, anunggila ing kowe.

21. Salam marang kowe kabeh saka Timoteus, kancaku tunggal ayahan, lan saka Lukius, Yason apadene Sosipater, para kancaku tunggal bangsa.(

22. Kula Tertius ingkang damel serat punika, inggih kintun salam dhateng panjenengan sadaya ing patunggilanipun Gusti.)

23. Salam marang kowe kabeh saka Gayus, kang aweh pamondhokan marang aku, lan marang pasamuwan kabeh. Salam marang kowe kabeh saka Erastus, hartakaning nagara, lan saka Kwartus sadulur kita.(

24. Sih-rahmate Gusti Yesus Kristus, Gusti kita, anunggila ing kowe kabeh! Amin.)

25. Kagem Panjenengane, kang nyantosakake kowe kabeh, -- manut Injil kang dakkabarake, sarta pawarta bab Gusti Yesus Kristus, laras karo kabare wewadi kang kasidhem pirang-pirang abad lawase,

26. nanging kang saiki wus kababar, sarta wus kawartakake dening kitab-kitabe para nabi, manut dhawuhe Gusti Allah kang langgeng marang sakehing bangsa, kanggo nenuntun marang ing pambangun-turuting pracaya --

maca bab lengkap Rum 16