Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 15:4-13 Kitab Sutji (JAV)

4. Ujer samubarang kang katulisan ing sadurunge, iku katulisan minangka piwulang kanggo kita, supaya kita ngandhemana ing pangarep-arep kalawan sabar mantep sarta kalawan gondhelan panglipur kang saka ing Kitab Suci.

5. Muga-muga Gusti Allah kang dadi etuking sabar mantep sarta panglipur, karsaa maringi karukunan marang kowe, kaya kang dikarsakake dening Sang Kristus Yesus,

6. satemah kalawan saiyeg sarta tunggal swara, kowe padha ngluhurake Gusti Allah, lan Kang Ramane Gusti kita, Gusti Yesus Kristus.

7. Mulane kowe padha tampan-tinampanana, padha kaya Sang Kristus anggone uga wus nampani kita, kagem kaluhurane Gusti Allah.

8. Kang dakkarepake yaiku, manawa awit saka kabenerane Gusti Allah, Sang Kristus wus dadi peladose para wong tetakan, kanggo ngukuhake prasetyane kang wus kaparingake marang para leluhur kita,

9. sarta supaya para bangsa padha bisa ngluhurake Gusti Allah, awit saka sih-palimirmane, kaya kang katulisan, wiraose:“Mila kawula badhe ngluhuraken Paduka, wonten ing satengahing para bangsa,saha memuji Asma Paduka kanthi pangidung masmur.”

10. Lan sateruse mangkene:“He para bangsa, padha bungah-bungaha bareng karo umate.”

11. Lan maneh,“He para bangsa, padha saosa puji marang Pangeran,sarta sakehe suku bangsa cikben memuji marang Panjenengane.”

12. Sarta sabanjure pangandikane Nabi Yesaya,“Bakal ana sogol thukul saka tunggake Isai,kang bakal jumeneng ngereh para bangsa,sarta iya Panjenengane iku kang bakal dadi pangarep-arepe para bangsa.”

13. Muga-muga Gusti Allah, etuking pangarep-arep, maringana ganjaran marang kowe kabeh sagunging kabungahan sarta tentrem-rahayu ing sajroning pracayamu, supaya kowe padha sugiha pangarep-arep marga saka sawabe Sang Roh Suci.

maca bab lengkap Rum 15