Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 15:18-31 Kitab Sutji (JAV)

18. Awit aku ora bakal kumawani nyritakake bab liyane, kajaba samubarang kang wus katindakake dening Sang Kristus lumantar aku, yaiku nenuntun bangsa-bangsa liya marang pambangun-turut, srana pitutur sarta panggawe,

19. marga saka dayaning tandha-tandha lan mukjijat-mukjijat sarta marga dening panguwaosing Sang Roh Suci. Iya mangkono iku, sajroning mider-mider wiwit saka kutha Yerusalem nganti tumeka ing tanah Ilirikum, aku wus ngabarake Injile Sang Kristus sakatoge.

20. Lan sajrone ngabarake iku mau kang dakanggep dadi utamaning lakuku iku, yaiku manawa anggonku martakake ora ana ing panggonan-panggonan kang Asmane Sang Kristus wus disumurupi ing wong, supaya anggonku mbangun iku aja nganti ana ing tetales gaweaning wong liya,

21. nanging larasa karo kang katulisan, wiraose:“Wong kang padha durung kawartanan bab Panjenengane,bakal padha ndeleng Panjenengane,sarta kang padha durung krungu wartanebakal padha mangreti.”

22. Yaiku kang njalari aku tansah kepalang anggonku arep nemoni kowe kabeh.

23. Nanging saiki, sarehne aku wus ora duwe papan nyambut-gawe maneh ana ing wilayah kene, sarta sarehne aku wus sawatara taun kapengin nemoni kowe kabeh,

24. mulane dakarah sajrone lakuku menyang ing tanah Spanyol, bisaa mampir menyang ing padununganmu, lan ketemu karo kowe, temah kowe banjur padha bisa ngeterake aku mrana, sawise aku ing sawatara ngrasakake seneng marga bisa ketemu karo kowe kabeh.

25. Ananging wektu saiki, aku lagi lelaku menyang ing Yerusalem, ngeterake pasumbang kanggo para suci.

26. Sabab para sadulur ing tanah Makedhonia lan ing Akhaya wus padha mrayogakake kirim apa-apa marang wong-wong kang padha miskin panunggalane para suci ing Yerusalem.

27. Iku mau pancen wis dadi golong-giliging rembuge, nanging bab iku pancen wus dadi kuwajibane. Sabab, manawa bangsa-bangsa liya wis padha tampa panduman bandhane kasukman wong Yahudi, bangsa-bangsa mau iya wajib leladi uga marang wong Yahudi kalawan bandhane kadonyan.

28. Manawa aku wus nindakake ayahan iku sarta wus masrahake wohing pambudidayane bangsa-bangsa liya mau, aku tumuli mangkat menyang ing tanah Spanyol liwat ing kuthamu.

29. Lan aku sumurup, yen anggonku tilik kowe iku bakal nggawa lelubering berkahe Sang Kristus.

30. Ananging marga saka Sang Kristus, Gusti kita, lan marga saka sihe Sang Roh, kowe padha dakpituturi, para sadulur, aku padha rewangana ndedonga marang Gusti Allah,

31. supaya aku kauwalna saka ing wong-wong ing tanah Yudea kang padha ora mbangun-miturut, lan supaya anggonku leladi kanggo Yerusalem iku katanggapana kanthi becik dening para suci ing kono,

maca bab lengkap Rum 15