Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 14:9-21 Kitab Sutji (JAV)

9. Sabab, iya iku kang dikarsakake anggone Sang Kristus seda sarta wungu maneh, supaya Panjenengane jumenenga Gustine wong mati lan wong urip.

10. Ananging kowe, yagene kok njeksani sadulurmu? Utawa yagene kowe kok ngremehake sadulurmu? Awit kita kabeh kudu padha seba ing ngarsaning dhampar pangadilane Gusti Allah.

11. Awit ana tulisan, wiraose:“Demi gesangingSun, mangkono pangandikaning Pangeran,kabeh dhengkul bakal padha sujud ana ing ngarsaningSun,sarta sakehe ilat bakal ngluhurake Gusti Allah.”

12. Dadine siji-sijine panunggalan kita iku bakal ngunjukake panjawab marang Gusti Allah bab prakarane dhewe-dhewe.

13. Mulane kita aja padha adil-ingadilan maneh! Nanging luwih becik kowe padha manuta wawasan iki: Kita aja gawe sesandhungan utawa serike sadulur kita.

14. Aku sumurup lan nemtokake ana ing Gusti Yesus, yen ora ana barang kang najis saka dhasare dhewe. Ya mung kanggo wong kang duwe panganggep, manawa ana barang kang najis, iku banjur dadi najis tumrap wong mau.

15. Awit yen kowe nglarakake atine sadulurmu marga saka apa kang kokpangan, lakumu wus ora awewaton katresnan maneh. Kowe aja gawe rusake sadulurmu marga saka panganmu, sabab Sang Kristus wus seda kanggo wong iku.

16. Apa kang becik, kang dadi duwekmu iku, aja nganti dadi jalaraning pangala-ala.

17. Sabab Kratone Gusti Allah iku dudu bab mangan lan ngombe, nanging bab kabeneran, tentrem-rahayu sarta suka-pirena marga dening Sang Roh Suci.

18. Awit sapa kang ngladeni Sang Kristus kanthi patrap mangkono, iku dadi keparenge Gusti Allah sarta kajen ing wong.

19. Mulane payo kita padha nggayuh marang apa kang ndadekake rukun sarta bangun-binangun.

20. Kowe aja mbubrah pakaryane Gusti Allah marga dening pangan! Samubarang kabeh iku kalal, nanging ala tumraping wong, yen pangane njalari wong liya kesandhung.

21. Becike kowe aja mangan daging sarta aja ngombe anggur, utawa apa bae kang dadi sandhungan tumrap sadulurmu.

maca bab lengkap Rum 14