Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 1:5-16 Kitab Sutji (JAV)

5. Kalawan lumantar Panjenengane, aku padha oleh sih-rahmat sarta kalenggahan rasul, kadhawuhan nuntun marang kabeh bangsa, supaya padha pracaya lan mbangun-turut marang Asmane.

6. Kowe uga padha klebu ing antarane wong-wong mau, kowe kang wus padha katimbalan dadi kagungane Sang Kristus,

7. marang sakehe para sadulur kang manggon ing kutha Rum, iya para kekasihe Gusti Allah, kang katimbalan lan kadadekake suci. Sih-rahmat anaa ing kowe kabeh lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus.

8. Luwih dhisik aku saos sokur marang Allahku marga dening Gusti Yesus Kristus ing ngatase kowe kabeh, awit kabar bab pracayamu wus sumebar ing sajagad.

9. Sabab Gusti Allah kang dakladeni kanthi gmolonging atiku ing sajrone ngabarake Injile Kang Putra, iku kang dadi seksiku anggonku ora pegat ngelingi marang kowe ana ing sajroning pandongaku:

10. Aku nyenyuwun, muga-muga marga saka karsane Gusti Allah ing wekasane aku bisa oleh dalan niliki kowe kabeh.

11. Awit aku kapengin ketemu kowe, prelu ngwenehi ganjaran kasukman, murih undhaking kasantosanmu,

12. yaiku, supaya aku ana ing antaramu melu kalipur dening pracaya kita, iya pracayamu, lan iya pracayaku.

13. Para sadulur, karepku supaya kowe padha sumurupa, yen aku wis kerep duwe niyat niliki kowe, supaya ana ing satengahmu aku uga bisa methik woh kayadene ana ing satengahing para bangsa saliyane bangsa Yahudi, -- nanging nganti saprene tansah ana alangan --.

14. Aku kapotangan kabecikan marang wong Yunani, mangkono uga marang wong saliyane Yunani, wong wasis lan wong bodho.

15. Yaiku kang njalari aku uga kapengin ngabarake Injil marang kowe kang padha manggon ing kutha Rum.

16. Ujer aku ora isin mungguhing Injil, awit Injil iku kakiyatane Gusti Allah kang ndadekake rahayu angger wong kang pracaya, luwih-luwih wong Yahudi, nanging uga wong Yunani.

maca bab lengkap Rum 1