Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 1:20-27 Kitab Sutji (JAV)

20. Awitdene kang ora katingal ana ing Gusti Allah, iya iku kakiyatane kang langgeng lan kaallahane, iku wiwit dumadine jagad bisa kasumurupan saka ing pakaryane, satemah wong-wong padha ora bisa diarani tanpa kaluputan.

21. Amarga sanadyan padha wanuh marang Gusti Allah, ewadene ora padha ngluhurake Panjenengane kang jumeneng Gusti Allah, utawa ora saos sokur marang Panjenengane. Nanging pangangen-angene dadi tanpa guna, lan atine kang bodho dadi peteng.

22. Anggepe padha pinter, nanging satemene bodho.

23. Padha nglironi kamulyane Gusti Allah kang langgeng kalawan pepethan kang mirip manungsa kang bisa lebur, lan pepethan manuk, sarta kewan asikil papat, apadene kewan-kewan rumangkang.

24. Mulane padha diulungake dening Gusti Allah marang pepenginaning atine kang rusuh, satemah padha rusuh-rinusuhan ing badane.

25. Awitdene iya padha nglironi kayektene Gusti Allah kalawan barang pulasan, padha ngluhurake sarta ngabekti marang pepadhanging tumitah, nglalekake marang kang nitahake, kang mesthine kudu pinuji-puji ing salawas-lawase. Amin.

26. Mulane Gusti Allah ngulungake wong-wong mau marang hawa-nepsu kang gawe wirang, sabab sing wadon padha nglironi cara awor turu nganggo patrap nyulayani kodrat.

27. Mangkono uga kang lanang padha ninggal patrap sapaturon kang lumrah karo kang wadon, nanging kalawan ati kang ngangsa-angsa duwe kekarepan marang pepadhane, satemah nindakake kanisthan karo padha lanang, mulane padha nampani piwales kang murwat tumrap pamblasare iku ana ing awake dhewe.

maca bab lengkap Rum 1