Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 1:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Saka Paulus, abdine Sang Kristus Yesus, kang katimbalan dadi rasul, kapiji nggelarake Injile Gusti Allah,

2. kang sadurunge wus kaprasetyakake lumantar para nabine ana ing kitab-kitab suci,

3. bab Kang Putra, kang dumados saka tedhake Sang Prabu Dawud mungguh ing daging,

4. lan miturut Rohing kasucen, kang kayekten ana ing wungune saka ing antarane wong mati, manawa Panjenengane iku Putrane Gusti Allah kang kuwaos, yaiku Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.

5. Kalawan lumantar Panjenengane, aku padha oleh sih-rahmat sarta kalenggahan rasul, kadhawuhan nuntun marang kabeh bangsa, supaya padha pracaya lan mbangun-turut marang Asmane.

maca bab lengkap Rum 1