Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 9:28-38 Kitab Sutji (JAV)

28. Bareng Gusti Yesus wus lumebet ing dalem, wong wuta mau padha ngadhep ing ngarsane, tumuli padha dipangandikani dening Gusti Yesus: “Apa kowe padha ngandel yen Aku bisa nindakake mangkono?” Atur wangsulane: “Inggih, Gusti kawula sami pitados.”

29. Banjur padha didumuki mripate sarta dipangandikani: “Padha katekana kaya kang dadi pangandelmu.”

30. Mripate banjur kaelekake. Banjur padha diwanti-wanti: “Poma, aja nganti bab iki kaweruhan ing wong.”

31. Ewasemono saundure tumuli padha nyuwurake Panjenengane ana ing sawratane tanah kono kabeh.

32. Saundure wong-wong mau banjur ana wong bisu kapanjingan dhemit kang disowanake ing ngarsane.

33. Bareng dhemite wus ditundhung, kang bisu mau bisa caturan. Wong-wong padha kaeraman kabeh, pangucape: “Kang kaya mangkono iku durung tau kalakon ana ing tanah Israel.”

34. Nanging ujare para wong Farisi: “Anggone nundhungi dhemit iku kanthi panguwasane panggedhening para dhemit.”

35. Gusti Yesus tumuli tindak njajah kutha lan desa, paring piwulang ana ing papan-papan pangibadah sarta nggelarake Injil Kratoning Allah, apadene nyarasake sakabehing lelara lan memala.

36. Mirsa wong akeh iku, trenyuh banget panggalihe marga saka welas; awit wong-wong mau padha katon sayah lan ora kopen kaya wedhus kang ora ana pangone.

37. Banjur ngandika marang para sakabate: “Panene gedhe, nanging kang derep mung sathithik.

38. Mulane padha nyuwuna marang Kang Kangungan panen, supaya karsaa maringi wong derep kanggo panenane iku.”

maca bab lengkap Mateus 9