Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 9:20-32 Kitab Sutji (JAV)

20. Nalika iku ana wong wadon kang lara nggrajag getih wus rolas tahun lawase, kang nyedhaki Gusti Yesus saka ing buri lan demek gombyoking jubahe.

21. Amarga duwe osik mangkene: “Angger aku bisa ndemek jubahe, mesthi waras.”

22. Nanging Gusti Yesus banjur minger, mirsani wong wadon iku mau sarta ngandika: “Dienak atimu, ngger, pangandelmu kang marasake kowe.” Wiwit ing nalika iku wong wadon mau dadi waras.

23. Bareng Gusti Yesus rawuh ing omahe lelurah mau, sarta mirsa penyuling lan wong akeh kang padha ribut,

24. banjur ngandika: “Wis, padha sumingkira; bocahe ora mati, mung lagi turu.” Nanging wong-wong padha nggeguyu Panjenengane.

25. Sawise wong akeh iku padha sumingkir, Gusti Yesus nuli lumebet sarta ngasta tangane si bocah. Bocahe banjur tangi.

26. Pawartane lelakon iku banjur sumebar ing satanah kono kabeh.

27. Nalika Gusti Yesus nglajengake tindake saka ing kono, ana wong wuta loro padha nututi lan nguwuh-uwuh, unjuke: “Dhuh, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi.”

28. Bareng Gusti Yesus wus lumebet ing dalem, wong wuta mau padha ngadhep ing ngarsane, tumuli padha dipangandikani dening Gusti Yesus: “Apa kowe padha ngandel yen Aku bisa nindakake mangkono?” Atur wangsulane: “Inggih, Gusti kawula sami pitados.”

29. Banjur padha didumuki mripate sarta dipangandikani: “Padha katekana kaya kang dadi pangandelmu.”

30. Mripate banjur kaelekake. Banjur padha diwanti-wanti: “Poma, aja nganti bab iki kaweruhan ing wong.”

31. Ewasemono saundure tumuli padha nyuwurake Panjenengane ana ing sawratane tanah kono kabeh.

32. Saundure wong-wong mau banjur ana wong bisu kapanjingan dhemit kang disowanake ing ngarsane.

maca bab lengkap Mateus 9