Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 9:15-25 Kitab Sutji (JAV)

15. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa para mitrane temanten lanang bisa susah sajroning temantene isih ana? Nanging bakal ana wektune, temanten iku kapethal saka ing antarane, ing kono bakal padha pasa.

16. Lan uga ora ana wong nambal sandhangan lawas nganggo suwekan anyar, awit tambalane iku bakal nyuwekake sandhangan mau, temahan malah saya amba amohe.

17. Mangkono anggur kang anyar iku iya ora diwadhahi ing impes kang lawas, amarga yen mangkono impese mesthi bedhah, anggure banjur wutah impese rusak. Nanging anggur kang anyar iku diwadhahi ing impes anyar, dadi loro-lorone tetep kanggo ing gawe.”

18. Sajrone Gusti Yesus ngandika mangkono iku, nuli ana lelurahing papan pangibadah kang sowan lan matur: “Anak kawula estri saweg kemawon tilar donya ewasamanten Paduka mugi karsaa rawuh saha numpangi asta, tamtu badhe gesang malih.”

19. Gusti Yesus banjur jumeneng sarta tedhak bebarengan karo lurah mau kanthi para sakabate.

20. Nalika iku ana wong wadon kang lara nggrajag getih wus rolas tahun lawase, kang nyedhaki Gusti Yesus saka ing buri lan demek gombyoking jubahe.

21. Amarga duwe osik mangkene: “Angger aku bisa ndemek jubahe, mesthi waras.”

22. Nanging Gusti Yesus banjur minger, mirsani wong wadon iku mau sarta ngandika: “Dienak atimu, ngger, pangandelmu kang marasake kowe.” Wiwit ing nalika iku wong wadon mau dadi waras.

23. Bareng Gusti Yesus rawuh ing omahe lelurah mau, sarta mirsa penyuling lan wong akeh kang padha ribut,

24. banjur ngandika: “Wis, padha sumingkira; bocahe ora mati, mung lagi turu.” Nanging wong-wong padha nggeguyu Panjenengane.

25. Sawise wong akeh iku padha sumingkir, Gusti Yesus nuli lumebet sarta ngasta tangane si bocah. Bocahe banjur tangi.

maca bab lengkap Mateus 9