Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 9:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Gusti Yesus tumuli minggah ing prau banjur nyabrang lan rawuh ing kutha palerebane.

2. Banjur ana wong lumpuh nggluntung ing paturon diusung disowanake menyang ing ngarsane. Bareng Gusti Yesus mirsa pangandele wong-wong iku, nuli ngandika marang kang lumpuh: “He, ngger, sing enak bae atimu, dosamu wus kaapura.”

3. Lah tumuli ana ahli Toret sawatara sing padha ngunandika: “Wong iku nyenyamah Gusti Allah.”

4. Nanging Gusti Yesus mirsa kang dadi panggraitane wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “Yagene kowe padha duwe panggraita kang ala ana ing atimu?

5. Gampang endi kandha: Dosamu wus diapura, karo kandha: Ngadega lan lumakua?

6. Nanging supaya kowe padha sumurup, yen Putraning Manungsa duwe panguwasa ngapura dosa ana ing bumi iki,” -- banjur ngandika marang kang lumpuh --: “Ngadega, paturonmu angkaten lan muliha!”

7. Wonge iya banjur ngadeg lan mulih.

8. Wong akeh bareng padha ndeleng bab iku, padha wedi lan banjur padha ngluhurake Gusti Allah, kang wus paring panguwasa nganti samono marang manungsa.

9. Bareng Gusti Yesus nglajengake tindake, banjur mirsa wong kang jenenge Mateus linggih ing pabeyan, iku nuli dipangandikani: “Melua Aku!” Mateus banjur ngadeg lan ndherekake Panjenengane.

10. Kacarita nalika Gusti Yesus lenggah dhahar ana ing omahe, ana juru-mupu-beya akeh lan wong-wong dosa kang padha teka ndherek dhahar kalawan Gusti Yesus dalasan para sakabate.

11. Bareng para wong Farisi weruh kang mangkono iku, banjur kandha marang para sakabate: “Yagene gurumu kok mangan bebarengan karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”

maca bab lengkap Mateus 9