Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 8:20-34 Kitab Sutji (JAV)

20. Gusti Yesus ngandika: “Asu-wawar padha duwe rong, lan manuk ing awang-awang pada duwe susuh, nanging Putraning Manungsa ora duwe panggonan kanggo nyelehake sirahe.”

21. Wong liyane, yaiku salah sijining siswane, matur marang Panjenengane: “Gusti, kawula mugi Paduka parengaken kesah rumiyin badhe ngubur bapa kawula.”

22. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Kowe melua Aku, dene wong mati cikben padha ngubur wong mati.”

23. Gusti Yesus banjur minggah ing prau, para sakabate padha ndherek.

24. Dumadakan ana prahara ing sagara kono, praune nganti ketungkeban ing ombak, nanging Gusti Yesus sare.

25. Para sakabate tumuli padha sowan ngwungu, unjuke: “Dhuh, Gusti, nyuwun tulung, kawula sami katiwasan.”

26. Pangandikane Gusti: “Yagene kowe padha wedi, heh, wong kang cupet ing pangandel?” Gusti Yesus banjur jumeneng lan ndukani angin sarta sagara, tumuli sirep.

27. Wong-wong padha gumun, pangucape: “Iki wong apa ta, dene dalasan angin lan sagara kok iya padha ngestokake dhawuhe!”

28. Bareng wus mentas ing sabrang, yaiku ing tlatahe wong Gadhara tumuli dipethukake wong loro kang padha kasurupan dhemit, tekane saka ing pakuburan sarta banget mutawatiri, nganti ora ana wong siji-sijia sing wani liwat ing dalan kono.

29. Lah tumuli karone padha nguwuh seru, unjuke: “Paduka kagungan urusan punapa kaliyan kawula, dhuh, Putraning Allah? Punapa rawuh Paduka badhe misakit kawula saderengipun mangsa?”

30. Ora adoh saka kono ana babi sapantha gedhe, kang lagi golek pangan.

31. Dhemite nuli padha darbe panyuwun marang Panjenengane, unjuke: “Manawi kawula sami Paduka dhawuhi kesah, keparenga kawula manjing ing babi sapantha punika.”

32. Dhawuhe Gusti Yesus: “Padha lungaa.” Banjur padha metu lan manjing ing babi-babi mau. Babi sapantha iku kabeh nuli padha mlayu gumrudug medhun saka ing ereng-ereng jurang, ambyur ing sagara temahan padha mati klelep ana ing banyu.

33. Kang padha ngengon babi mau padha mlayu sarta bareng wus tekan ing kutha, padha nyritakake lelakon iku mau kabeh, uga bab wong-wong kang kapanjingan dhemit mau.

34. Lah ing kono wong sakutha padha metu methukake Gusti Yesus lan bareng wus padha ana ing ngarsane, padha nyuwun kanthi adreng, supaya Panjenengane karsaa nilar tlatahe.

maca bab lengkap Mateus 8