Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 8:2-15 Kitab Sutji (JAV)

2. Lah ing kono ana wong budhugen sowan sarta sujud marang Panjenengane, unjuke: “Gusti, manawi Paduka karsa, inggih tamtu saged mbirat najis kawula.”

3. Gusti Yesus nuli mulung astane, ndemek wong mau sarta ngandika: “Aku karsa, birata najismu.” Padha sanalika kabirat budhuge temahan dadi resik.

4. Banjur kadhawuhan dening Gusti Yesus: “Poma bab iki aja kokkandhakake marang sapa-sapa. Wis lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan caosa kurban, sing diprentahake dening Nabi Musa, minangka peseksi marang wong.”

5. Nalika Gusti Yesus lumebet ing kutha Kapernaum, ana sawijining opsir panatus sowan ing ngarsane sarta darbe atur panyuwun, unjuke:

6. “Bandara, rencang kawula sakit lumpuh, nggluntung wonten ing griya, langkung sanget anggenipun ngraosaken sakit.”

7. Pangandikane Gusti Yesus: “Aku dak mrana, dakwarasne.”

8. Nanging atur wangsulane opsir mau: “Bandara, boten pantes kawula nampeni Paduka wonten ing gubug kawula, mugi karsaa ngandika satembung kemawon, rencang kawula tamtu lajeng saras.

9. Amargi kawula piyambak punika tiyang ingkang kereh lan inggih ngereh prajurit. Manawi kawula aken dhateng ingkang satunggal: Lungaa! lajeng kesah; utawi dhateng sanesipun: Mrenea! inggih lajeng dhateng. Tuwin dhateng rencang-tumbasan kawula: Iku lakonana! inggih lajeng dipun lampahi.”

10. Bareng Gusti Yesus mireng kang mangkono iku, Panjenengane kaeraman, banjur ngandika marang kang padha ndherek: “Satemene pituturKu marang kowe: Pangandel kang samene gedhene iki Aku durung tau tumon ana ing satengahing bangsa Israel.

11. Aku pitutur marang kowe: Bakal akeh wong kang teka saka ing wetan lan ing kulon kang padha melu kembul bujana karo Rama Abraham, Iskak lan Yakub ana ing Kratoning Swarga,

12. mangka para putraning Kraton bakal padha kabuwang menyang pepeteng ing jaba, ing kono bakal ana tangis lan keroting untu.”

13. Gusti Yesus banjur ngandika marang opsir panatus mau: “Wis, mundura, katekana kaya kang dadi pangandelmu.” Sanalika iku uga abdine waras.

14. Sawise iku Gusti Yesus banjur tindak menyang omahe Petrus. Gusti mirsa embokne maratuwa nggluntung ana ing paturon, lara panastis.

15. Tumuli didemek tangane, temahan waras, banjur ngladeni tamune.

maca bab lengkap Mateus 8