Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 7:24-29 Kitab Sutji (JAV)

24. “Mulane saben wong kang ngrungokake pituturKu lan banjur dilakoni, iku kayadene wong pinter, kang ngadegake omahe ana ing padhasan.

25. Bareng udan deres, banjur banjir sarta ana angin gedhe, kang nempuh omah mau, nanging ora ambruk, amarga katelesan ing padhasan.

26. Nanging saben wong kang ngrungokake pituturKu mangka ora dilakoni, iku upamane kaya wong kang gemblung, kang ngadegake omahe ana ing pawedhen.

27. Bareng udan deres, terus banjir, sarta ana angin gedhe, kang nempuh omah mau banjur ambruk lan banget rusake.”

28. Kacarita, bareng Gusti Yesus wus mungkasi pangandikane iku mau, wong kabeh padha gumun banget marang piwulange,

29. jalaran anggone mulang kaya kang kagungan panguwasa, ora kaya para ahli Toret.

maca bab lengkap Mateus 7