Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 7:17-27 Kitab Sutji (JAV)

17. Dadine wit kang becik metokake woh becik, wit kang geringen wohe iya ora apik.

18. Wit kang becik ora bisa metokake woh kang ala, lan wit kang geringen ora bisa metokake woh kang becik.

19. Sarupane wit kang ora metokake woh kang becik, mesthi kategor lan banjur kacemplungake ing geni.

20. Dadine wong-wong mau bakal katitik saka wohe.

21. Kang bakal lumebu ing Kratoning Swarga iku dudu angger wong kang ngucap marang Aku: Gusti, Gusti, nanging mung wong kang nglakoni sakarsane RamaKu kang ana ing swarga.

22. Ing dina wekasan bakal akeh wong kang padha matur marang Aku: Gusti, Gusti, punapa kawula boten sampun medhar wangsit atas asma Paduka, sarta sampun nundhungi dhemit atas asma Paduka, punapa malih sampun ngawontenaken mukjijat kathah atas asma Paduka?

23. Ing wektu iku bakal padha dakblakani mangkene: Aku durung tau wanuh karo kowe. Padha sumingkira saka ing ngarepKu, heh, wong kang padha gawe duraka.”

24. “Mulane saben wong kang ngrungokake pituturKu lan banjur dilakoni, iku kayadene wong pinter, kang ngadegake omahe ana ing padhasan.

25. Bareng udan deres, banjur banjir sarta ana angin gedhe, kang nempuh omah mau, nanging ora ambruk, amarga katelesan ing padhasan.

26. Nanging saben wong kang ngrungokake pituturKu mangka ora dilakoni, iku upamane kaya wong kang gemblung, kang ngadegake omahe ana ing pawedhen.

27. Bareng udan deres, terus banjir, sarta ana angin gedhe, kang nempuh omah mau banjur ambruk lan banget rusake.”

maca bab lengkap Mateus 7