Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 6:3-22 Kitab Sutji (JAV)

3. Nanging manawa kowe dedana, tanganmu kiwa aja nganti sumurup apa kang ditindakake tanganmu tengen.

4. Dadi anggonmu dedana iku aja nganti katon; Ramamu kang nguningani tindakmu kang ora katon iku, bakal paring piwales marang kowe.”

5. “Dene manawa kowe padha ndedonga, aja kaya para wong lamis, amarga iku padha seneng ndedonga adeg-adegan ana ing papan-apan pangibadah lan ing pojok-pojoking lurung, pamurihe supaya katona ing wong. Satemene pituturKu marang kowe: Iku wus padha tampa pituwase.

6. Nanging manawa kowe ndedonga, lumebua ing kamarmu, lawange inebna, banjur ndedongaa marang Ramamu kang ora katon. Dene Ramamu kang mirsa tindakmu kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowe.

7. Apamaneh, sajrone ndedonga, aja nganggo tembung akeh-akeh kaya adate wong kapir, awit iku padha nduweni pangira, yen marga saka akehing tembunge, pandongane bakal kabul.

8. Dadi aja tiru-tiru wong iku, awit Ramamu mirsa apa sing kokbutuhake, sadurunge kowe matur.

9. Marga saka iku ndedongaa mangkene:Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga,Asma Paduka mugi kasucekaken.

10. Kraton Paduka mugi rawuh.Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumikadosdene wonten ing swarga.

11. Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika.

12. Saha Paduka mugi ngaputen kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih ngapunteni tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula.

13. Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon. [Awitdene Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisesa tuwin kamulyan salami-laminipun. Amin.]

14. Sabab, manawa kowe padha ngapura kaluputaning wong,Ramamu ing swarga iya bakal ngapura marang kowe.

15. Nanging manawa kowe ora ngapura marang wong, Ramamu iya bakal ora ngapura kaluputanmu.”

16. “Anadene manawa kowe padha pasa, ulatmu aja kokgawe aclum kaya para wong lamis, awit iku padha nyengungusake ulate, supaya wong-wong padha weruh yen lagi pasa. Satemene pituturKu marang kowe: iku wus padha tampa pituwase.

17. Nanging kowe manawa pasa, sirahmu lenganana lan raupa,

18. supaya anggonmu pasa aja katara wong, ngemungna kauningan ing Ramamu kang ana ing papan kang ora katon. Ing mengko Ramamu kang mirsa kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowe.”

19. “Aja padha nglumpukake bandha ana ing donya; ana ing donya bakal kena ing renget lan taiyeng kang ngrusak, sarta bisa katekan maling kang mbabah lan nyolong.

20. Nanging padha nglumpukna bandha ing swarga, kang ora bakal kena ing renget lan tiyeng kang ngrusak lan ora bakal katekan maling kang mbabah lan nyolong.

21. Amarga ing ngendi dununge bandhanmu, iya ana ing kono dununge atimu.

22. Diyaning badan iku mripat; manawa mripatmu waras, badanmu sakojur kapadhangan.

maca bab lengkap Mateus 6