Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 6:17-33 Kitab Sutji (JAV)

17. Nanging kowe manawa pasa, sirahmu lenganana lan raupa,

18. supaya anggonmu pasa aja katara wong, ngemungna kauningan ing Ramamu kang ana ing papan kang ora katon. Ing mengko Ramamu kang mirsa kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowe.”

19. “Aja padha nglumpukake bandha ana ing donya; ana ing donya bakal kena ing renget lan taiyeng kang ngrusak, sarta bisa katekan maling kang mbabah lan nyolong.

20. Nanging padha nglumpukna bandha ing swarga, kang ora bakal kena ing renget lan tiyeng kang ngrusak lan ora bakal katekan maling kang mbabah lan nyolong.

21. Amarga ing ngendi dununge bandhanmu, iya ana ing kono dununge atimu.

22. Diyaning badan iku mripat; manawa mripatmu waras, badanmu sakojur kapadhangan.

23. Nanging manawa mripatmu cacad, badanmu dadi peteng kabeh. Dadi manawa pepadhang kang ana ing kowe dadi peteng, saiba ta petenge iku.”

24. “Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendarane kang siji bakal disengiti; sijine ditresnani, utawa bakal setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Kowe ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon.

25. Mulane Aku pitutur marang kowe: Aja padha sumelang ing bab uripmu, bab apa kang bakal kokpangan utawa kokombe, lan bab badanmu, apa kang bakal kokanggo. Ajine urip iku apa ora ngungkuli pangan, lan ajine badan ngungkuli sandhangan?

26. Padha delengen manuk-manuk ing awang-awang, padha ora nyenyebar lan ora derep, sarta ora tetandho ana ing lumbung, ewadene padha kaparingan pakan dening Ramamu kang ana ing swarga. Apa kowe ora kinacek luwih banget katimbang karo manuk-manuk iku?

27. Sapa ta panunggalanmu kang bisa nyambungi umure saasta bae marga saka sumelang?

28. Mangkono maneh yagene kowe padha sumelang bab sandhang-panganggo? Padha nyawanga kembang bakung ing ara-ara anggone tumuwuh, ora nganggo nyambut-gawe lan ngantih.

29. Ewadene Aku pitutur marang kowe: Sanadyan Raja Suleman sajrone sagunging kaluhurane, pangagemane ora madhani salah sawijining kembang iku.

30. Mulane yen suket ing ara-ara kang dina iki isih ana, sesuk diobong, iku dipanganggoni nganti kaya mangkono dening Allah, saya maneh kowe, heh, wong kang cupet ing pangandel!

31. Awit saka iku aja padha sumelang lan calathu: Kang padha dakpangan apa? Utawa: Kang padha dakombe apa? Lan maneh: Kang padha daksandhang apa?

32. Awit iku kabeh diupaya dening para wong kapir; kowe aja mangkono, awit Ramamu ing swarga wus mirsa, yen iku mau kabeh dadi kabutuhanmu.

33. Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.

maca bab lengkap Mateus 6