Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 5:5-20 Kitab Sutji (JAV)

5. Rahayu wong kang alus ing budi, awit iku bakal padha tampa warisan bumi.

6. Rahayu wong kang kaluwen lan ngelak marang kasampurnan, awit iku kang bakal padha kawaregan.

7. Rahayu wong kang ambek welasan, awit iku bakal padha oleh piwelas.

8. Rahayu wong kang resik atine, awit iku bakal padha sumurup marang Allah.

9. Rahayu wong kang dhemen ngrukunake, awit iku bakal padha kasebut para putraning Allah.

10. Rahayu wong kang dikaniaya marga saka kayekten, awit iku kang padha nduweni Kratoning Swarga.

11. Rahayu kowe, manawa marga saka Aku kowe diwewada lan dikaniaya sarta dipitenah.

12. Padha bungaha lan sukarenaa, sabab gedhe ganjaranmu ana ing swarga, awit iya kaya mangkono anggone wong-wong padha nganiaya para nabi sadurunge kowe.”

13. “Kowe iku padha dadi uyahing bumi. Lah yen uyah iku ilang asine, apa kang kanggo mulihake asine? Wis ora ana gunane maneh kajaba mung dibuwang lan diidak-idak ing wong.

14. Kowe iku padha dadi pepadhanging jagad. Kutha kang ana ing dhuwur gunung iku ora bisa kaling-kalingan.

15. Lan maneh wong nyumed diyan iku ora banjur dikurebi tompo, nanging ditumpangake ing jodhog, supaya bisa madhangi wong saomah kabeh.

16. Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak-tandukmu kang becik, temah padha ngluhurake Ramamu kang ana ing swarga.”

17. “Kowe aja padha duwe pangira, yen tekaKu iku arep nyuwak Toret utawa kitabe para nabi. TekaKu ora nyuwak, nanging malah nindakake.

18. Awit satemene pituturKu marang Kowe: Nganti sirnane langit lan bumi iki, angger-angger ora bakal sirna saiyot utawa sacorek, sadurunge iku kabeh kalakon.

19. Mulane sing sapa ngorakake salah sawijining pepakon iki, sanadyan kang cilik dhewe, sarta memulang mangkono marang wong, iku bakal oleh papan kang asor dhewe ana ing Kratoning Swarga. Nanging sing sapa nindakake lan mulangake kabeh pepakoning Toret, iku bakal oleh papan kang dhuwur ana ing Kratoning Swarga.

20. Mulane pituturKu marang kowe: Manawa kasampurnanmu ora ngungkuli kabeneraning para ngulama lan para wong Farisi, kowe mesthi ora bakal lumebu Kratoning Swarga.”

maca bab lengkap Mateus 5