Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 5:39-45 Kitab Sutji (JAV)

39. Nanging Aku pitutur marang kowe: Kowe aja nglawan marang wong kang gawe piala marang kowe, malah sapa kang nangani pipimu tengen, pipimu kiwa uga ulungna pisan.

40. Lan manawa ana wong kang arep prakaran karo kowe, sedyane ngepek klambimu, jubahmu pasrahna pisan.

41. Apadene manawa kowe dipeksa dikon ngiringake lakune wong samil, iringna nganti rong mil.

42. Yen ana wong njejaluk marang kowe, wenehana lan aja nulak wong kang arep utang marang kowe.”

43. “Kowe iya wus padha krungu pangandika: Sira tresnaa marang sapepadhanira lan sengita marang mungsuhira!

44. Nanging aku malah pitutur marang kowe: Padha tresnaa marang mungsuhmu; wong kang nganiaya kowe padha dongakna slamet,

45. supaya kowe padha katitika, yen dadi putrane Ramamu kang ana ing swarga, kang mlethekake srengenge marang wong ala lan wong becik, sarta nurunake udan marang wong kang ambek adil lan kang ora.

maca bab lengkap Mateus 5