Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 5:36-47 Kitab Sutji (JAV)

36. Iya aja supata demi sirahmu, awit kowe ora bisa mutihake utawa ngirengake rambutmu saele bae.

37. Yen iya, kandhaa: iya, yen ora, kandhaa: ora. Saluwihe saka iku, asale saka pangawak dursila.”

38. “Kowe wus padha krungu pangandika mangkene: Mripat winales mripat, untu winales untu.

39. Nanging Aku pitutur marang kowe: Kowe aja nglawan marang wong kang gawe piala marang kowe, malah sapa kang nangani pipimu tengen, pipimu kiwa uga ulungna pisan.

40. Lan manawa ana wong kang arep prakaran karo kowe, sedyane ngepek klambimu, jubahmu pasrahna pisan.

41. Apadene manawa kowe dipeksa dikon ngiringake lakune wong samil, iringna nganti rong mil.

42. Yen ana wong njejaluk marang kowe, wenehana lan aja nulak wong kang arep utang marang kowe.”

43. “Kowe iya wus padha krungu pangandika: Sira tresnaa marang sapepadhanira lan sengita marang mungsuhira!

44. Nanging aku malah pitutur marang kowe: Padha tresnaa marang mungsuhmu; wong kang nganiaya kowe padha dongakna slamet,

45. supaya kowe padha katitika, yen dadi putrane Ramamu kang ana ing swarga, kang mlethekake srengenge marang wong ala lan wong becik, sarta nurunake udan marang wong kang ambek adil lan kang ora.

46. Dene manawa kowe tresna marang wong kang nresnani kowe, iku kowe oleh pituwas apa? Para juru-mupu-beya rak ya tumindak mangkono, ta?

47. Lan manawa kowe aweh salam mung marang sadulur-sadulurmu bare, kaluwihanmu apa? Wong kapir rak ya tumindak mangkono, ta?

maca bab lengkap Mateus 5