Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 5:30-42 Kitab Sutji (JAV)

30. Lan maneh manawa tanganmu tengen dadi jalaraning piala, kethoken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining peranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungake ing naraka.

31. Uga ana pangandika mangkene: Sing sapa megat bojone, kudu menehi layang pegat.

32. Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat bojone ora jalaran saka laku jina, iku ndadekake bojone laku jina lan sing sapa ngrabeni wong wadon mau, dadi laku jina.”

33. “Kowe wus padha krungu, yen para leluhur padha tampa pangandika mangkene: Aja nglairake sumpah palsu, nanging tetepana sumpahira ana ing ngarsaning Pangeran.

34. Nanging Aku malah pitutur marang kowe: Aja supata babar pisan, dadia demi swarga, awit iku dhamparing Allah,

35. dadia demi bumi, awit iku ancik-anciking sampeyane, dadia demi Yerusalem, awit iku kuthane Sang Nata Agung.

36. Iya aja supata demi sirahmu, awit kowe ora bisa mutihake utawa ngirengake rambutmu saele bae.

37. Yen iya, kandhaa: iya, yen ora, kandhaa: ora. Saluwihe saka iku, asale saka pangawak dursila.”

38. “Kowe wus padha krungu pangandika mangkene: Mripat winales mripat, untu winales untu.

39. Nanging Aku pitutur marang kowe: Kowe aja nglawan marang wong kang gawe piala marang kowe, malah sapa kang nangani pipimu tengen, pipimu kiwa uga ulungna pisan.

40. Lan manawa ana wong kang arep prakaran karo kowe, sedyane ngepek klambimu, jubahmu pasrahna pisan.

41. Apadene manawa kowe dipeksa dikon ngiringake lakune wong samil, iringna nganti rong mil.

42. Yen ana wong njejaluk marang kowe, wenehana lan aja nulak wong kang arep utang marang kowe.”

maca bab lengkap Mateus 5