Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 5:23-33 Kitab Sutji (JAV)

23. Mulane manawa kowe nggawa pisungusng menyang misbyah, mangka banjur kelingan yen sadulurmu lagi sengit karo kowe,

24. pisungsungmu tinggalen ana ing ngarepe misbyah kono, nuli maranana sadulurmu mau, rukuna dhisik, sawuse banjur balia, nyaosna pisungsungmu.

25. Endang rukuna karo lelawananmu nalika lagi lumaku bebarengan menyang pangadilan, supaya kowe aja nganti diladekake dening lelawananmu mau marang jaksa, jaksa banjur masrahake kowe marang pambantune, temahan kowe dilebokake ing pakunjaran.

26. Satemene pituturKu marang kowe: kowe ora bakal metu saka ing kono, sadurunge kowe nyaur utangmu nganti sah.”

27. “Kowe wus padha krungu pangandika mangkene: Sira aja laku jina!

28. Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa mandeng wong wadon kalawan nduweni krenteg marang dheweke, iku wus laku jina sajroning atine.

29. Mulane manawa mripatmu tengen dadi jalaraning piala, cuplaken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining peranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungake ing naraka.

30. Lan maneh manawa tanganmu tengen dadi jalaraning piala, kethoken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining peranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungake ing naraka.

31. Uga ana pangandika mangkene: Sing sapa megat bojone, kudu menehi layang pegat.

32. Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat bojone ora jalaran saka laku jina, iku ndadekake bojone laku jina lan sing sapa ngrabeni wong wadon mau, dadi laku jina.”

33. “Kowe wus padha krungu, yen para leluhur padha tampa pangandika mangkene: Aja nglairake sumpah palsu, nanging tetepana sumpahira ana ing ngarsaning Pangeran.

maca bab lengkap Mateus 5