Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 5:19-30 Kitab Sutji (JAV)

19. Mulane sing sapa ngorakake salah sawijining pepakon iki, sanadyan kang cilik dhewe, sarta memulang mangkono marang wong, iku bakal oleh papan kang asor dhewe ana ing Kratoning Swarga. Nanging sing sapa nindakake lan mulangake kabeh pepakoning Toret, iku bakal oleh papan kang dhuwur ana ing Kratoning Swarga.

20. Mulane pituturKu marang kowe: Manawa kasampurnanmu ora ngungkuli kabeneraning para ngulama lan para wong Farisi, kowe mesthi ora bakal lumebu Kratoning Swarga.”

21. “Kowe wus padha krungu, yen para leluhur padha kaparingan pangandika mangkene: Sira aja memateni, sing sapa memateni kudu diukum.

22. Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa nepsu marang sadulure, kudu diukum; sing sapa ngunekake sadulure: kapir, kudu diukum dening pangadilan agama, lan sing sapa ngunekake; gemblung, mesthi kacemplungake ing naraka murub.

23. Mulane manawa kowe nggawa pisungusng menyang misbyah, mangka banjur kelingan yen sadulurmu lagi sengit karo kowe,

24. pisungsungmu tinggalen ana ing ngarepe misbyah kono, nuli maranana sadulurmu mau, rukuna dhisik, sawuse banjur balia, nyaosna pisungsungmu.

25. Endang rukuna karo lelawananmu nalika lagi lumaku bebarengan menyang pangadilan, supaya kowe aja nganti diladekake dening lelawananmu mau marang jaksa, jaksa banjur masrahake kowe marang pambantune, temahan kowe dilebokake ing pakunjaran.

26. Satemene pituturKu marang kowe: kowe ora bakal metu saka ing kono, sadurunge kowe nyaur utangmu nganti sah.”

27. “Kowe wus padha krungu pangandika mangkene: Sira aja laku jina!

28. Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa mandeng wong wadon kalawan nduweni krenteg marang dheweke, iku wus laku jina sajroning atine.

29. Mulane manawa mripatmu tengen dadi jalaraning piala, cuplaken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining peranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungake ing naraka.

30. Lan maneh manawa tanganmu tengen dadi jalaraning piala, kethoken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining peranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungake ing naraka.

maca bab lengkap Mateus 5