Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 5:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh iku, banjur minggah ing gunung lan sawise lenggah, para sakabate padha ngadhep ing ngarsane.

2. Tumuli Gusti Yesus medhar pangandika, paring piwulang, pangandikane:

3. “Rahayu wong kang mlarat ing budi, awit iku kang padha nduweni Kraton ing Swarga.

4. Rahayu wong kang prihatin, awit iku bakal padha kalipur.

5. Rahayu wong kang alus ing budi, awit iku bakal padha tampa warisan bumi.

6. Rahayu wong kang kaluwen lan ngelak marang kasampurnan, awit iku kang bakal padha kawaregan.

7. Rahayu wong kang ambek welasan, awit iku bakal padha oleh piwelas.

8. Rahayu wong kang resik atine, awit iku bakal padha sumurup marang Allah.

9. Rahayu wong kang dhemen ngrukunake, awit iku bakal padha kasebut para putraning Allah.

10. Rahayu wong kang dikaniaya marga saka kayekten, awit iku kang padha nduweni Kratoning Swarga.

maca bab lengkap Mateus 5