Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 4:18-23 Kitab Sutji (JAV)

18. Nalika Gusti Yesus pinuju tindak urut pinggiring sagara Galilea, mirsa wong loro padha sadulur, yaiku Simon kang karan Petrus karo Andreas sadulure, lagi padha nibakake jala ing sagara, amarga padha dadi juru-amek-iwak.

19. Banjur padha didhawuhi: “Ayo, padha melua Aku, kowe padha bakal Dakdadekake juru-amek-wong.”

20. Sanalika banjur padha ninggal jalane, ndherekake Gusti Yesus.

21. Sabanjure nalika tindak saka kono, Panjenengane mirsa wong loro maneh, uga padha sadulur, yaiku Yakobus anake Zebedheus karo Yokanan sadulure, ana ing prau lagi ngrewangi Zebedheus bapakne anggone nyulami jalane, banjur padha ditimbali

22. Sanalika padha ninggal praune lan bapakne, nuli ndherekake Gusti Yesus.

23. Gusti Yesus tumuli ndlajahi satlatahe tanah Galilea kabeh, memulang ana ing papan-papan pangibadahe wong kono, sarta nggelarake Injiling Kraton, apadene nyarasake sarupane lelara lan sarupane memala, kang tinemu ing satengahing bangsa kono.

maca bab lengkap Mateus 4