Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 4:11-19 Kitab Sutji (JAV)

11. Iblis banjur lengser saka ing ngarsane Gusti Yesus; lah ing kono tumuli ana malaekat-malaekat kang padha sowan lan ngladosi Panjenengane.

12. Bareng Gusti mireng pawarta, yen nabi Yokanan wus kacepeng, Panjenengane banjur tindak sumingkir menyang ing tanah Galilea,

13. pindhah saka Nasaret lan dedalem ana ing kutha Kapernaum, ing sapinggiring sagara ing laladan tanah Zebulon lan Naftali,

14. supaya kayektenana kang kapapangandikakake dening Nabi Yesaya mangkene:

15. “Tanah Zebulon lan tanah Naftali, dalan menyang ing sagara, ing sabrange bengawan Yarden, tanah Galilea panggonane bangsa-bangsa liya,

16. bangsa kang manggon ing pepeteng, iku wus ndeleng Papadhang kang gedhe, sarta wong kang padha manggon ing tanah kang kalimputan ing wewayangning pati, iku wus kaplethekan Pepadhang.”

17. Wiwit nalika iku Gusti Yesus nggelarake piwulang, pangandikane: “Padha mratobata, amarga Kratoning Swarga wus cedhak!”

18. Nalika Gusti Yesus pinuju tindak urut pinggiring sagara Galilea, mirsa wong loro padha sadulur, yaiku Simon kang karan Petrus karo Andreas sadulure, lagi padha nibakake jala ing sagara, amarga padha dadi juru-amek-iwak.

19. Banjur padha didhawuhi: “Ayo, padha melua Aku, kowe padha bakal Dakdadekake juru-amek-wong.”

maca bab lengkap Mateus 4