Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 4:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono Gusti Yesus katuntun dening Roh menyang ing ara-ara samun supaya kagodha dening Iblis.

2. Salebare siyam patang puluh dina patang puluh bengi, wekasan kerapan.

3. Juru panggodha banjur sowan ing ngarsane sarta munjuk mangkene: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga sela-sela punika Panjenengan sabdakaken dados roti.”

4. Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Ana tulisan mangkene: Uripe manungsa iku ora mung saka roti bae, nanging saka sakabehing sabda kang miyos saka ing lesaning Allah.”

5. Iblis tumuli nggawa Gusti Yesus menyang ing kutha Suci lan dijumenengake ana ing dhuwur payone Padaleman Suci,

6. banjur munjuk mangkene: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga kula aturi anjlog mangandhap, awit wonten seratan makaten: Pangeran bakal ndhawuhi para malaekate tumrap sira, sarta sira bakal ditadhahi ing tangane, supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu.”

7. Pangandikane Gusti Yesus: “Ana maneh tulisan mangkene:Sira aja nyoba Pangeran Allahira.”

8. Gusti Yesus banjur digawa Iblis maneh munggah ing gunung kang dhuwur banget lan diaturi mirsani sakehe krajan ing donya dalasan kamulyane,

9. nuli munjuk mangkene: “Punika sadaya badhe kula caosaken dhateng Panjenengan, anggeripun Panjenengan sumungkem sujud dhateng kula.”

maca bab lengkap Mateus 4