Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 3:1-16 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing nalika samana Nabi Yokanan Pambaptis rawuh ing ara-ara samun ing tanah Yudea, nggelarake piwulang, pangandikane:

2. “Padha mratobata, amarga Kratoning Swarga wus cedhak!”

3. Dene sateme iya Nabi Yokanan iku kang kapangandikakake dening Nabi Yesaya mangkene:“Ana swara kang nguwuh-uwuh ana ing ara-ara samun: Padha nyawisna margining Pangeran, lurung-lurunge padha lencengna.”

4. Nabi Yokanan iku pangagemane kang kagawe wulu unta, sarta apaningset walulang; kang kadhahar walang lan madu alas.

5. Banjur diparani dening wong-wong saka ing kutha Yerusalem, saka ing tanah Yudea kabeh lan saka ing wewengkon sakiwatengene bengawan Yarden.

6. Wong-wong mau tumuli padha dibaptisi dening Nabi Yokanan ana ing bengawan Yarden kalawan ngakoni dosane.

7. Nanging bareng Nabi Yokanan mirsa wong Farisi lan wong Saduki akeh kang padha teka sarta nyuwun kabaptis, banjur padha dipangandikani mangkene: “Heh, tetesaning ula bedhudhak, sapa kang akon kowe nyingkiri bebendu kang bakal teka?

8. Yen mangkono padha metokna woh kang sembada marang pamratobat.

9. Lan aja padha duwe pikiran mangkene: Aku rak trahe Rama Abraham. Awit aku pitutur marang kowe, sanadyan saka watu iki Gusti Allah kuwaos mijilake anak kanggo trahe Rama Abraham.

10. Karodene wadung wus cumawis ing poking wit-witan; saben wit kang ora metokake woh kang becik, mesthi kategor lan kacemplungake ing geni.

11. Aku iki mbaptisi kowe kabeh nganggo banyu amrih patobatmu, nanging kang bakal rawuh nungka aku, iku luwih kuwasa tinimbang aku lan mbok nyopot ageme trumpah bae aku ora pantes. Iku bakal mbaptisi kowe kalawan Roh Suci lan geni.

12. Panjenengane wus ngasta tampah; panutone bakal diresiki nganti tapis sarta gandume bakal diklumpukake ing lumbung, nanging mrambute bakal diobong ing geni kang ora kena sinirep.”

13. Nalika samana Gusti Yesus saka ing tanah Galilea rawuh ing bengawan Yarden murugi Nabi Yokanan, karsane supaya dibaptisa.

14. Nanging nabi Yokanan menggak, unjuke: “Kawula ingkang prelu Paduka baptis, lah kok Paduka ngrawuhi kawula.”

15. Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Wis ta, cikben, amarga iya mangkono iku patute Aku lan kowe padha netepi sakehe kabeneran.” Nabi Yokanan tumuli sumarah.

16. Sawise kabaptis Gusti Yesus banjur mentas saka ing banyu, lah ing kono langit tumuli piyak lan Panjenengane mirsa Rohing Allah tumedhak pindha manuk dara, anedhaki Panjenengane.

maca bab lengkap Mateus 3