Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 27:15-25 Kitab Sutji (JAV)

15. Wis dadi adat kalumrahan Sang Wali-Nagara, saben riyaya mangkono, ngluwari wong ukuman siji, kang dipilih dening wong akeh.

16. Ing nalika iku ing pakunjaran ana wong ukuman siji sing wis kajuwara pialane, jenenge Barabas.

17. Sarehne wong-wong wis padha nglumpuk ana ing kono, Sang Pilatus ngandika marang wong-wong mau: “sapa sing kokkarepake dakluwari, Barabas apa Yesus kang kasebut Kristus?”

18. Panjenengane pancen wis mirsa, yen anggone masrahake Gusti Yesus iku marga saka drengkine.

19. Nalika Sang Pilatus lagi lenggah ing kursi pangadilan, garwane utusan matur: “Sampun ngantos panjenengan tumut-tumut ing prakawisipun tiyang mursid punika, sabab margi saking Panjenenganipun punika salebeting ngimpi kala wau dalu, kula ngraosaken sisah.”

20. Nanging marga saka pangojok-ojoke para pangareping imam lan para pinituwa, wong akeh padha nekad nyuwun supaya Barabas diluwari lan Gusti Yesus disedani.

21. Sang Wali-Nagara paring wangsulan lan ngandika: “Wong loro iku sing endi sing kokkarepake dakluwari?” Ature wong-wong mau: “Barabas.”

22. Sang Pilatus ndangu maneh: “Yen mangkono Yesus kang kasebut Kristus iki karepmu dakkapakake?” Wong-wong padha matur saur manuk: “Kedah dipun salib!”

23. Pandangune maneh:“Nanging apa kaluputane?” Ewasamono wong-wong mau saya sora anggone bengok-bengok: “Kasaliba!”

24. Bareng Sang Pilatus uninga, yen sakabehing pambudidaya bakal tanpa guna, malah wis wiwit kisruh kaanane, panjenengane banjur wijik asta ana ing sangareping wong akeh mau lan ngandika: “Aku ora kaluputan tumrap getihe wong iki; iku prakaramu dhewe!”

25. Nanging wong kabeh padha matur: “Rahipun dhumawaha ing kawula dalah saanak-anak kawula.”

maca bab lengkap Mateus 27