Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 25:32-40 Kitab Sutji (JAV)

32. Sakehing bangsa nuli bakal kaklumpukake ana ing ngarsane lan bakal kapisah-pisah siji lan sijine, kayadene pangon anggone ndhewek-ndhewekake wedhus gembel karo wedhus jawa,

33. kang gembel dipapanake ana ing tengene, dene wedhus jawa ana ing kiwane.

34. Tumuli Sang Nata bakal ngandika marang kang ana tengene: Heh, para kang binerkahan dening RamaningSun, mara, padha tampanana warisan Kraton, kang wis kacawisake marang sira wiwit dumadining jagad.

35. Awitdene nalika Ingsun kerapan, sira caosi dhahar; nalika Ingsun kasatan, sira caosi ngunjuk; nalika Ingsun lelana, sira caosi palereban;

36. nalika Ingsun kelukaran, sira caosi pangageman, nalika Ingsun gerah, sira tiliki; nalika Ingsun kinunjara, sira sowani.

37. Ing kono wong-wong kang mursid iku bakal padha munjuk: Gusti, kala punapa kawula sumerep Paduka kerapan lajeng kawula caosi dhahar, saha kasatan kawula caosi ngunjuk?

38. Kala punapa kawula sumerep Paduka lelana lajeng kawula caosi palereban, saha kelukaran kawula caosi pangageman?

39. Kala punapa kawula sumerep Paduka gerah utawi kinunjara, lajeng kawula sowani?

40. Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira: Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.

maca bab lengkap Mateus 25