Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 25:23-38 Kitab Sutji (JAV)

23. Wangsulane bandarane: Becik banget pagaweanmu iku, heh, batur kang becik lan tumemen; kowe wis ngatonake tumemenmu tumrap prakara sapele, kowe bakal dakpasrahi nindakake prakara gedhe; mara, lumebua lan melua ngrasakake kamuktening bandaramu.

24. Wasana kang tampa satalenta uga teka lan matur: Bandara, kula sampun sumerep, bilih panjenengan punika tiyang ingkang dakwenang, dene ngeneni ingkang sanes sebaran panjenengan, saha mendheti ingkang sanes taneman panjenengan.

25. Milanipun kula ajrih, kula lajeng kesah, arta panjenengan satalenta kula pendhem ing siti. Mangga, kula aturi nampeni kagungan panjenengan!

26. Bandarane banjur mangsuli: Heh, batur kang ala lan kesed, kowe wis ngreti, yen aku ngeneni kang dudu sebaranku lan njupuk kang dudu tanduranku.

27. Mulane benere dhuwitku koktitipake marang wong kang nglakokake dhuwit, supaya saulihku bisa tampa dhuwit iku saanakane.

28. Mulane padha jupuken dhuwit satalenta iku, banjur wenehna kang duwe sapuluh talenta iku.

29. Sabab sing sapa duwe, bakal kaparingan, nganti luber. Nanging sing sapa ora duwe, bakal kapundhutan sabarang darbeke kabeh.

30. Anadene batur kang tanpa guna iku uncalna menyang ing pepeteng kang banget petenge. Ing kono kang ana mung tangis lan keroting untu.”

31. “Besuk manawa Putraning Manungsa rawuh ngagem kamulyane lan sakabehing padha ndherekake, Panjenengane banjur lenggah ing dhampar kamulyan.

32. Sakehing bangsa nuli bakal kaklumpukake ana ing ngarsane lan bakal kapisah-pisah siji lan sijine, kayadene pangon anggone ndhewek-ndhewekake wedhus gembel karo wedhus jawa,

33. kang gembel dipapanake ana ing tengene, dene wedhus jawa ana ing kiwane.

34. Tumuli Sang Nata bakal ngandika marang kang ana tengene: Heh, para kang binerkahan dening RamaningSun, mara, padha tampanana warisan Kraton, kang wis kacawisake marang sira wiwit dumadining jagad.

35. Awitdene nalika Ingsun kerapan, sira caosi dhahar; nalika Ingsun kasatan, sira caosi ngunjuk; nalika Ingsun lelana, sira caosi palereban;

36. nalika Ingsun kelukaran, sira caosi pangageman, nalika Ingsun gerah, sira tiliki; nalika Ingsun kinunjara, sira sowani.

37. Ing kono wong-wong kang mursid iku bakal padha munjuk: Gusti, kala punapa kawula sumerep Paduka kerapan lajeng kawula caosi dhahar, saha kasatan kawula caosi ngunjuk?

38. Kala punapa kawula sumerep Paduka lelana lajeng kawula caosi palereban, saha kelukaran kawula caosi pangageman?

maca bab lengkap Mateus 25